GORO-GORO KENALAN LEWAT
PESBUK
.
Sore iku Paijo lagi numpak sepeda
motor, nggoleki omahe
Painem, kenalan anyar oleh soko pesbuk.. .
Rumongso kesasar,
Paijo langsung mbukak pesbuk..
terus inbox-an nang akune FB
Painem.. .
Paijo : "Halo Yang Nem.. aku wis tekan daerahmu iki..
Terus mlebu gang sing endi..?"
.
Painem : "Sing enek gapurane Mas, terus
sampeyan lurus kiro-
kiro 25meter ono omah gedong tingkat apik, warnane biru,
mobile akeh.."
.
Paijo : "Siap..! aku wis teko kono.. iki
omahmu to Nem..?"
. Painem : "Dudu Mas sampeyan
belok kanan kiro-kiro 10meter
ono lapangan badminton..
Lha sebelahe lapangan iku.." .
Paijo : "Pasti iku omahmu yo
Nem..?" .
Painem : "Iku omahe tukang jahit
Mas.. Lurus ae mengko bar
jembatan ketemu omah, ono
tulisane ISI ULANG PULSA lha iku.."
. Paijo : "Mesti iku omahmu
khan..?" .
Painem : "Iku jenenge konter hp
Mas..
sampeyan belok kanan ae terus
ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburan iku.." .
Paijo (wis arep ngamuk) :
"Omahmu Nem..?"
.
Painem : "Iku gerbang kuburan
Mas.. sampeyan ojo mlebu.. sampeyan belok kiri ae, mengko
weruh peternakan bebek gede
iku.."
.
Paijo (kudu ngamuk temenan) :
"Aaarggh..! Iku omahmu tho..?" .
Painem : "Aku dudu bebek Mas..
iku isih lurus terus....
mengko ketemu alas.. ikuu.."
. Paijo (wes anyel) : "Iku omahmu
Neeem...???!!!! !!" . Painem : "Aku dudu monyet Mas..
sampeyan lewat alas lurus terus,
mengko ketemu masjid.. lha
sebelahe masjid iku.."
. Paijo (emosi pwuol) : "Nek pisan iki
ngomong dudu omahmu.. tak santet temenan awakmu
Nem..!!!"
.
Painem : "hehehe.. sabar Mas, dadi wong
kok ngamuk-an..
yo iku omahku.. wis ketemu durung
Mas..?"
.
Paijo (lego campur lemes) : "Iyo.. aku wis
nang ngarep omahmu iki.. asyeem yo
Ayang Painem.. gawe pegele awakku.. Awas bar
ngene, ketemu tak jiwiti
sampeyan..
hehehe.." .
Painem : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono
emakku neng njero omah kok Mas.."
.
Paijo : "Lho kok malah emakmu sing
dikongkon nemoni???
Lha awakmu nang endi Nem..???"
. Painem : "Aku wis suwi nang
Hongkong dadi TKW Mas.."
. Paijo langsung ndlosor nang suket
kejet-kejet stroke'e kumat stadium
pitulikur.
PESBUK
.
Sore iku Paijo lagi numpak sepeda
motor, nggoleki omahe
Painem, kenalan anyar oleh soko pesbuk.. .
Rumongso kesasar,
Paijo langsung mbukak pesbuk..
terus inbox-an nang akune FB
Painem.. .
Paijo : "Halo Yang Nem.. aku wis tekan daerahmu iki..
Terus mlebu gang sing endi..?"
.
Painem : "Sing enek gapurane Mas, terus
sampeyan lurus kiro-
kiro 25meter ono omah gedong tingkat apik, warnane biru,
mobile akeh.."
.
Paijo : "Siap..! aku wis teko kono.. iki
omahmu to Nem..?"
. Painem : "Dudu Mas sampeyan
belok kanan kiro-kiro 10meter
ono lapangan badminton..
Lha sebelahe lapangan iku.." .
Paijo : "Pasti iku omahmu yo
Nem..?" .
Painem : "Iku omahe tukang jahit
Mas.. Lurus ae mengko bar
jembatan ketemu omah, ono
tulisane ISI ULANG PULSA lha iku.."
. Paijo : "Mesti iku omahmu
khan..?" .
Painem : "Iku jenenge konter hp
Mas..
sampeyan belok kanan ae terus
ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburan iku.." .
Paijo (wis arep ngamuk) :
"Omahmu Nem..?"
.
Painem : "Iku gerbang kuburan
Mas.. sampeyan ojo mlebu.. sampeyan belok kiri ae, mengko
weruh peternakan bebek gede
iku.."
.
Paijo (kudu ngamuk temenan) :
"Aaarggh..! Iku omahmu tho..?" .
Painem : "Aku dudu bebek Mas..
iku isih lurus terus....
mengko ketemu alas.. ikuu.."
. Paijo (wes anyel) : "Iku omahmu
Neeem...???!!!! !!" . Painem : "Aku dudu monyet Mas..
sampeyan lewat alas lurus terus,
mengko ketemu masjid.. lha
sebelahe masjid iku.."
. Paijo (emosi pwuol) : "Nek pisan iki
ngomong dudu omahmu.. tak santet temenan awakmu
Nem..!!!"
.
Painem : "hehehe.. sabar Mas, dadi wong
kok ngamuk-an..
yo iku omahku.. wis ketemu durung
Mas..?"
.
Paijo (lego campur lemes) : "Iyo.. aku wis
nang ngarep omahmu iki.. asyeem yo
Ayang Painem.. gawe pegele awakku.. Awas bar
ngene, ketemu tak jiwiti
sampeyan..
hehehe.." .
Painem : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono
emakku neng njero omah kok Mas.."
.
Paijo : "Lho kok malah emakmu sing
dikongkon nemoni???
Lha awakmu nang endi Nem..???"
. Painem : "Aku wis suwi nang
Hongkong dadi TKW Mas.."
. Paijo langsung ndlosor nang suket
kejet-kejet stroke'e kumat stadium
pitulikur.

0 comments:
Post a Comment