Pelajaran Matematika zaman biyen:
Sam anake Pak Thomat isih kelas 2
SD. Nek dikongkon etung²an mesti
nggunakke drijine.
Mulane, nek sekolah sepatune mesti dicopot, lha drijine dinggo
ngitung.
Jare… Pak Tukijan (gurune) :
"Sam, wis gede ora pareng
nganggo driji nek ngitung yo"
"Lima ditambah lima ono pira Sam…?
Sam dasar bocah ndablek, yo tetep
wae nganggo drijine.
Pak guru weruh, Sam dikandani :
"Hayo, nganggo driji, to…"
Sam kisinan. tapi ora kurang akal, tangane dilebokke ning sak
kathoke, karo neruske ngitunge
lima ditambah lima, pira ya…
Tangane Sam ketok ngethuwel
nang njerone sak kathok.
Suwi,… umek,… ngetuwel. Dietung- etung drijine, terus mbengok seru :
"SEWELAS PAK GURU"
Guru : "Masya Allah… Manukmu
nggak usah dietung Sam, blaen
kowe iki… Lha nek tekan ndogmu
lak dadi TELU LAS…

0 comments:
Post a Comment